Pasword Masuk Frekwensi ini adalah : "Mbul Gumbal Gambul Kul Kuthuk Kadal Gesit Ra nganggo sandal lan sepatu, kere kesot, Nama...Posisi...., Chek Inn
 
""" R O J A L I ~ B A N D U N G """ F r e k : 14 2.180 Mhz
Tentang Kami  
  Home
  Hot News & Isue
  Buku Tamu
  Struktur Pengurus Paguyuban & Sekretariat Rojali-14.2180
  Kode Etik & Panca Bhakti Rapi
  DAFTAR FREKWENSI REPEATER & CALL FREKWENSI
  Counter & Statistik In - Out Tamu
  Etika Berkomunikasi
  Operating Prosedur
  Sejarah Rapi
  Lihat Bandung dari Udara / Satelite
  Sharing Info + Lain-lain
  Komentar anda & Tanya Jawab Langsung
  Our Sponsor & Free Advertising
  Nonton TV dan Cek Kecepatan Internet Kita di Web Site ini Yuk
  Di Majalaya
  Login to Foto Rojali
  Partisipasi isi Koesioner Web Site ini....
  Top List
JAVA COMMUNITY ROJALI "ROMBONGAN JAWA ASLI" FREKWENSI 142.180 Mhz BANDUNG DAN SEKITARNYA
Hot News & Isue







WORO - WORO

Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Sedulur,
Poro sepuh , Poro Pinisepuh, lan Poro Pinisilin,
Ugo Poro Pandu  ora lali Poro Kurowo
lan sak brayat te'........
  

Puji Syukur........ Pada Tuhan YME

Lantaran komat-kamite "Mbah Jambrong"  nganggo montro boso jowo kuno lethek tur klasik :

WHOOOOUUAAA..... HAH....HAH....HAH....HAH....HAH....

"Mbul Gombal gambul kul kuthuk kadal gesit semprong bolong alu buntu, atos wathu gembuk bolu"

Web site Rojali wis iso exist maning... roger...roger... njerone rock ambune seger............ ngono yo Nduk 

Berkat Poso mungput sewulan muput neng wulan Romadhon...
Poso Daud sak minggu (soale nek kesuwen mundak awak garing .......... ) 
Di tambah Poso Senin-Kemis sak E-linge ......... dilakoni karo "Lek Arema Lethek" ngiras-ngirus diet, ben entuk wangsit........  
Di tambah Poso Pati geni petang ndino petang mbengi sing dilakoni "Petruk alias Ratu Bhuto" Mangku Prawan Limo karo Noto Boto Limo............

Trus di sumetno menyan karo Anak e Bupati Silir ("Lek Kucluk" )  karo nggosok Ceret kuno tur kramat sangking jaman mojopahit...  sa uthoro samentawis wekdal  "Damar" njogo Lilin sing disumet ben ojo mati kesebul angin, Kanggo tondho guyup rukuning kekancan, lan karo  "Kroto / Aryo" kersanipun siap siaga bila diperlukan untuk mblayu nggolek telo neng alas......

                        
Mak pecungul "Mas Teko-ceret"...... Nyuwun tulung kalih "Pak Dhe' Bawor" kersanipun nyukani wejangan 3 syarat lan prasarat liane nang "Mas Panji Rancung" di ewangi karo "Gogon" 
                                                     
supayak ngolekna kembang pitung rupak mbengi-mbengi pas wulan sabit jum'at kliwon, kembangek orak entuk di apak-apakna, jarna ben mlethek dewek za ...........

Lan ditambah maning syarat di beleh no Ulo Nogo seko Ndemak karo "Mbah Dul Blantik Wedhus"..... 

 
               

(Buntute Nogo di dadekno cemilan karo Mas Degleng di dadekno abon, wenak tenan ...)
Balunge di rajang digawe kripik karo Mbah Wiro.

Sing luwih penting malih ....
Sak wis di iringi acara Halal Bihalal neng Ndaleme "Pak Dr. WHok Wha"........

Njebul-lah..... wangsit sing marai Web site iki Mecucul Maning... 
Pasword Login ne dijukok karo "Pak Dr. WHok Wha" neng Negoro Ngalingko dirojo antah brantah karo numpak kendaraan supra natural......... (Hemat BBM bebas Pulici... eh... Polusi) sing di modifikasi "Pak Dhe Cakil" nganggo Fuel Optimizer

ditambah nasehat sangkeng "Mbah Mentor" :  Budhalo ndang budal ojo lali nganggo antena pager gen ora di disi i lek "Yono Kampret" nganggo pesawat radio sing kithirane sengkleh siseh.



Selama perjalanan ning "Lek Awang" -awang, Pak Dr. WHok Wha di Pantau karo "Mas Pandu", "Mas Jabo" karo "Gendut" sembari test perangkat..... Toying...toyingg... tungklik... tungklik.... roso...roso........copet...copet... sampek monting-monting neng udara....

Tekan ndek negoro Ngalengko dirojo Antah brantah, "Pak Dr. WHok Wha" sing lagi dadi The Man Of Duty (senajan jowo iso ngomong coro londho... cak) dalam pencarian Pass Login...., berhasil njukuk kertas isi kebetan / Kerpean Pasword sing di-slempet no "Dhewo Bladush Chantengen" nylempet neng kelek e "Wewe Gombel" nganthi anget kemringet lan wethenge mblenet mblodor

Nganggo coro di itik-itik.... 
Sruuueeetttt..... langsung Pas ono kesempatan didudut kebetan/Kerpean Pass Login tekok ketek e..... 


                             
nganthi melet-melet, kempes susune, mergo wulu kelek e kakehan sing kecabut, Bar entuk langsung bablas muleh maning karo ngowo Bonus wulu ketek....

Ndilalah... wulune yo sakti... mergo di jompa-jampeni karo "Mas Komeng lan Mas Hadi Sutomo" iso marai menehi inspirasi ndadhekno ambu lan werno sing bedho ndek Web Site saiki.... 

Suka cita keberhasilan The Man Of Duty dalam menjalankan tugas... kedatangan ne disambut karo lagu campur sari ciptaan Lek "Sutimbul" berjudul buah semangka ber daun ilir....  ning Ndaleme "Pak Dhe' Iman" sing di tembangi lan di vokali karo "Pak Dhe Ragil - Pak Dhe Wonto" 


Mak bendhundhuk "Lek Bedhes", njoget-njoget, manggut-manggut, melet-melet, mecucu-mecucu nganti munyer koyo gangsingan ngethokno bokonge.

                                                     
;        
Lha nek ngene sak iki.......
Ojo sampek upaya poro konco lan sedulur sing ono neng cerito ndek nduwur mung tinggal cerito.....
Monggo....... Poro Konco lan Sedulur sing arep nglebokno inspirasi, foto, seratan neng Web Site iki, karo cerito lucu......... silahken kirim nang Email
Rojali142180@yahoo.com

Mugo-mugo Paguyuban Rojali 142.180 Mhz iki semakin akrab, rukun, bahu membahu antar sesama ne...... Lan nek podo guyon / ndagel karo di gojloki konco lan sedulure neng frekwensi, neng web site, utowo neng darat... ora loro ati .... hehehe...




         

Acara Halal Bihalal
Pak Dokter WHok Wha
Heemmm.....   Udele ono ora yoo.......? 


Salam,
  

Administrator Web Site,

Nb. Cerito neng nduwur mung reko-reko thok,
       jeneng sing podho ancen disengojo... lha wong jenenge wae guyonan... 

Today, there have been 6 visitors (9 hits) on this page!
Waktu  
   
Rojali Kota Bandung  
  Kosambi, Surapati, Buah Batu, Ciwastra, Leuwipanjang, Kiaracondong, Antapani,  
Rojali Bandung Timur  
  Tanjungsari, Cimanggung, Cibiru, Jatinangor,  
Rojali Bandung Barat & Utara  
  Pasteur, Cimahi, Cianjur, Sarijadi,Padalarang, Cipeundey, Lembang, Setiabudhi, Subang, Padasuka,  
Rojali Bandung Selatan  
  Parakansaat, Bale Endah, Majalaya, Kamojang, Ciwidey, Dayeuh kolot, Banjaran  
This website was created for free with Own-Free-Website.com. Would you also like to have your own website?
Sign up for free